Barang lan Layanan sing Diwatesi

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Kanggo ndhukung kaslametan lan nyegah kagiyatan sing duwe potensi mbebayani, kita nglarang upaya individu, prodhusen, lan pangecer kanggo tuku, adol, ngundi, menehi hadiah, nransfer, utawa dagang barang lan layanan tertamtu ing platform kita. Kita ora ngidini ijolan utawa adolan narkoba apa wae sing bisa ngarah menyang panyalahgunaan zat sing dicakup ing kabijakan kita ngisor iki. Pangecer fisik lan online bisa uga mromosekake item bedhil, alkohol, lan mbako sing disedhiyakake kanggo didol saka layanan kita; nanging kita matesi visibilitas konten iki kanggo bocah durung cukup umur. Kita ngidini dhiskusi babagan obral barang iki ing toko lan dening pangecer online, ndhukung owah-owahan tumrap aturan barang lan layanan sing dicakup ing kabijakan iki, lan ndhukung panggunaan obat-obatan farmasi ing konteks prawatan medis, kalebu dhiskusi babagan efek samping kanthi fisik utawa mental.
Barang lan Layanan sing Diwatesi kalebu kategori ngisor iki:
  • Obat-obatan lan Farmasi
  • Senjata, Amunisi, utawa Bahan Ledak
  • Tembako lan Prodhuk sing Gegandhengan
  • Alkohol
  • Kasehatan lan Karaharjan
  • Judi lan Game Online
  • Spesies langka lan dilindhungi (kewan liar utawa tanduran)
  • Artefak Sejarah
  • Barang utawa Bahan Mbebayani
  • Bagean lan Bebanyon Awak
Saben kategori diterangake ing ngisor iki.
Obat-obatan lan Farmasi
Kita ora ngidini:
Narkoba sing risikone dhuwur (narkoba sing duwe potensi salah panggunaan, kecanduan, utawa sing gegandhengan karo risiko kesehatan serius, kalebu overdosis; yaiku, kokain, fentanil, heroin).
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, dagang, ngoordhinasi dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk narkoba sing risikone dhuwur.
  • Ngakoni tuku, dagang, utawa nggoordhinasi dagang narkoba sing risikone dhuwur miturut sing mosting konten dhewe utawa liwat wong liya.
  • Ngakoni kanggo panggunaan pribadi tanpa ngakoni utawa referensi kanggo pamulihan, pangobatan, utawa bantuan liyane kanggo nglawan panggunaan. Konten iki ora bisa ngomongake kanthi positif babagan, ngajak panggunaan, ngoordhinasi utawa nyedhiyakake pituduh kanggo nggawe utawa nggunakake narkoba sing risikone dhuwur.
  • Ngoordhinasi utawa mromosekake (sing tegese ngomongake kanthi positif, dhukung panggunaan, utawa nyedhiyakake pituduh kanggo nggunakake utawa nggawe) obat-obatan sing risikone dhuwur.
  • Cathetan: Debat utawa ngusulake kanggo legalitas utawa dhiskusi mupangat ilmiah utawa medis saka obat-obatan sing risikone dhuwur iku diidini. Iki kalebu kabar utawa pangumunan layanan umum.
Obat-obatan non-medis (obat utawa dat sing ora digunakake kanggo tujuan medis kang dimaksud utawa digunakake kanggo tujuan mendem - iki uga kalebu bahan kimia utawa dat prekursor sing digunakake kanggo produksi obat-obatan iki.)
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, dagang, ngoordhinasi dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk obat non medis.
  • Ngakoni tuku, dagang, utawa nggoordhinasi dagang obat non medis miturut sing mosting konten dhewe utawa liwat wong liya.
  • Ngakoni kanggo panggunaan pribadi tanpa ngakoni utawa referensi kanggo pamulihan, pangobatan, utawa bantuan liyane kanggo nglawan panggunaan. Konten iki ora bisa ngomongake kanthi positif babagan, ngajak panggunaan, ngoordhinasi utawa nyedhiyakake pituduh kanggo nggawe utawa nggunakake obat non medis.
  • Ngoordhinasi utawa mromosekake (sing tegese ngomongake kanthi positif, ngajak nggunakake, utawa nyedhiyakake pituduh kanggo nggunakake utawa nggawe) obat-obatan non-medis.
  • Ngupayakake adol utawa mromosekake piranti obat-obatan non-medis.
  • Ngemot barang dagangan sing nggambarake obat-obatan non-medis.
Obat resep (obat sing mbutuhake resep utawa pangawasan profesional medis yen arep diwenehake)
Konten sing:
  • Nyoba tuku, adol, utawa dagang obat resep kajaba nalika:
    • Nuduhake dhaptar rega vaksin ing konteks pendhidhikan utawa konteks dhiskusi nalika diwatesi kanggo wong diwasa sing umure 18 taun utawa luwih.
    • Nawakake pangiriman yen diposting dening bisnis e-commerce layanan kesehatan sing sah nalika diwatesi kanggo wong diwasa sing umure 18 taun utawa luwih. Konten iki uga kudu ngatutake selakan kanggo konsultasi karo tenaga profesional kasehatan sing duwe lisensi utawa ngentukake resep sing valid.
  • Nyoba nyumbang utawa menehi hadiah obat resep, kajaba ing kedadeyan krisis ekonomi, kasehatan, sosial, utawa bencana alam.
  • Njaluk obat resep, kajaba nalika konten kasebut mbahas afordabilitas, aksesibilitas, utawa kasiyat obat resep kanthi konteks medis.
  • Cathetan: Debat utawa ngusulake kanggo legalitas utawa dhiskusi mupangat ilmiah utawa medis saka obat resep iku diidini. Iki kalebu kabar utawa pangumunan layanan umum.
Enteogen
  • Konten sing ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, utawa menehi hadiah utawa njaluk enteogen.
  • Cathetan: Debat utawa ngusulake kanggo legalitas utawa dhiskusi mupangat ilmiah utawa medis saka enteogen diidini.
Ganja lan Prodhuk Turunan Ganja
  • Konten sing ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, utawa menehi hadiah utawa njaluk mariyuana lan prodhuk sing ngemot THC utawa komponen psikoaktif sing gegandhengan.
Kanggo konten ing ngisor, kita matesi visibilitas mung kanggo wong diwasa sing umure minimal 18 taun:
Enteogen
  • Konten sing nuduhake panampane kanggo panggunaan pribadi, koordinasi, utawa promosi (maksud kita rembugan kanthi positif babagan), utawa ngajak panggunaan enteogen.
    • Kajaba nalika salah siji perkara ing ndhuwur kedadeyan ing konteks fiksi utawa dokumenter.
Ganja lan Prodhuk Turunan Ganja
  • Konten sing ngoordhinasi utawa mromosekake (sing tegese ngomongake kanthi positif, ngajak nggunakake, utawa nyedhiyakake pituduh kanggo nggunakake utawa nggawe) mariyuana lan prodhuk sing ngandhut THC utawa kang ana ubungane karo komponen psikoaktif.
  • Bisnis kang ana ubungane karo konten sing diposting apotek mariyuana yen ora ana upaya kanggo tuku, adol utawa dagang ganja, uga prodhuk sing ngandhut THC utawa kang ana ubungane karo komponen psikoaktif.
  • Konten sing nyoba tuku, adol, dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk cannabidiol (CBD) sing bisa dicerna utawa prodhuk cannabidiol sing memper.
  • Konten sing nyoba tuku, adol, dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk cannabidiol (CBD) sing ora bisa dicerna utawa prodhuk cannabidiol sing memper
  • Konten sing nggawe klaim penyakit kang gegandhengan karo cannabidiol (CBD) sing ora bisa dicerna utawa prodhuk cannabidiol sing memper.
  • Konten sing nggambarake piranti ngonsumsi ganja.
Obat resep
  • Konten sing nyoba tuku, adol, utawa dagang obat resep ing konteks apa wae, kalebu nalika diposting dening bisnis e-commerce layanan kasehatan sing sah.
  • Konten sing nyoba tuku, adol, dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk obat sing didol bebas.
  • Konten sing ngemot pranyatan nggunakake utawa konsumsi obat resep.
Senjata, Amunisi, utawa Bahan Ledak
Kita ora ngidini:
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, utawa dagang senjata api, komponen senjata api, amunisi, bahan ledak, utawa amplifikasi mbebayani kajaba nalika:
    • diposting dening Kaca, Grup, utawa profil Instagram sing makili badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis eceran, situs web, merek, utawa lembaga pamarentah (contone, kepolisian, dinas pemadam kebakaran) utawa individu sing ngandumake konten minangka jenenge badan usaha fisik sing sah; lan visibilitas diwatesi kanggo wong diwasa sing umure minimal 21 taun.
  • Ngupayakake nyumbang utawa menehi senjata api, komponen senjata api, amunisi, bahan ledak, utawa amplifikasi mbebayani kajaba nalika diposting ing konteks ing ngisor:
    • Nyumbang, dagang, utawa nebus senjata api lan amunisi dening Kaca, Grup, utawa profil Instagram sing makili badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis eceran, situs web, merek, utawa lembaga pamarentah utawa individu sing ngandumake konten minangka jenenge badan usaha fisik sing sah; lan visibilitas diwatesi kanggo wong diwasa sing umure minimal 21 taun.
    • Lelang utawa lotre sing hadiahe senjata api saka badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis eceran, organisasi sing afiliasi karo pamarentah utawa nirlaba, utawa individu sing afiliasi utawa disponsori dening badan usaha fisik sing sah; lan visibilitas diwatesi kanggo wong diwasa sing umure minimal 21 taun.
  • Njaluk senjata api, komponen senjata api, amunisi, bahan ledak, utawa amplifikasi mbebayani.
  • Ngupayakake tuku, adol, menehi hadiah, ngijolake, nransfer, ngoordhinasi, ngomongake kanthi positif, ngajak supaya nggunakake utawa menehi akses menyang instruksi pencetakan 3D utawa nggawe kanthi pitulungan komputer kanggo senjata api utawa komponen senjata api tanpa ndeleng konteks utawa sing mosting.
  • Ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, menehi hadiah, njaluk, utawa ngakoni kapemilikan perangkat konversi senapan mesin.
Kanggo konten ing ngisor, kita matesi visibilitas mung kanggo wong diwasa sing umure minimal 21 taun:
Senjata, Amunisi, utawa Bahan Ledak
  • Konten sing diposting dening utawa mromosekake toko fisik sing sah, entitas, kalebu bisnis eceran, situs web, merek, utawa lembaga pamarentah sing ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk (kalebu ing konteks lelang utawa lotre) senjata api, komponen senjata api, amunisi, bahan ledak, utawa amplifikasi sing mbebayani.
Kanggo konten ing ngisor, kita matesi visibilitas mung kanggo wong diwasa sing umure minimal 18 taun:
Barang landhep lan senjata liyane:
  • Konten sing ngupayakake tuku, adol, dagang, ngoordhinasi, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk: barang landhep lan senjata liyane (contone, semprotan mrica utawa keling).
  • Konten sing ngomongake kanthi positif, nyedhiyakake instruksi kanggo nggunakake lan ngajak kanggo nggunakake senjata api, komponen senjata api, amunisi, bahan ledak, amplifikasi mbebayani, utawa barang landhep ing ulasan prodhuk
  • Promo adol lan promosi aksesori sing ora mbebayani
Tembako lan Prodhuk sing Gegandhengan
Kita ora ngidini:
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, utawa barter prodhuk sing gegandhengan karo tembako/nikotin, utawa prodhuk sing nuduhake kagiyatan ngrokok, kalebu kabeh jinis Prodhuk Electronic Nicotine Delivery System “ENDS” (contone, rokok elektrik, vape, lan vape bebas nikotin).
    • Kajaba nalika diposting dening Kaca, Grup, utawa profil Instagram sing makili badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis ritel, situs web, merek, utawa individu sing ngandumake konten minangka jenenge badan usaha fisik sing sah, kalebu nawakake layanan pangiriman lan giveaway merek.
  • Ngupayakake nyumbang utawa menehi hadiah prodhuk tembako/nikotin, utawa prodhuk “ENDS”.
    • Kajaba nalika diposting dening Kaca, Grup, utawa profil Instagram sing makili badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis ritel, situs web, merek, utawa individu sing ngandumake konten minangka jenenge badan usaha fisik sing sah, kalebu nawakake layanan pangiriman lan giveaway merek.
  • Njaluk prodhuk tembako/nikotin, utawa prodhuk sing nuduhake kagiyatan ngrokok, kalebu kabeh jinis prodhuk “ENDS” (vape bebas nikotin).
Kanggo konten ing ngisor, kita matesi visibilitas mung kanggo wong diwasa sing umure minimal 18 taun:
  • Konten sing diposting dening utawa mromosekake badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis ritel, situs web, utawa merek, sing ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, utawa menehi hadiah prodhuk alkohol utawa tembako.
  • Konten sing nggambarake konsumsi prodhuk tembako, nikotin, utawa prodhuk “ENDS”.
  • Konten sing ngoordhinasi utawa mromosekake panggunaan prodhuk tembako, nikotin, prodhuk “ENDS”, utawa merek tembako.
  • Konten sing nggambarake Prodhuk kanggo Ngendhegake Panggunaan Tembako
  • Konten sing ngrembugake utawa mromosekake panggunaan tembako, piranti kanggo konsumsi tembako, utawa merek tembako
  • Konten media sing nggambarake tumindak ngrokok utawa konsumsi tembako ing konteks non-fiksi
    • Kajaba ing konteks kampanye anti-rokok, layanan konseling kanggo kecanduan rokok, rehabilitasi rokok, utawa konteks PSA
Alkohol
Kita ora ngidini:
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, utawa dagang alkohol kajaba nalika:
    • Diposting dening Kaca, Grup, utawa profil Instagram sing makili badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis ritel, situs web, utawa merek, utawa individu sing ngandumake konten minangka jenenge badan usaha fisik sing sah, kalebu nawakake layanan pangiriman lan giveaway merek.
    • Konten sing ngrujuk marang alkohol utawa nawakake undangan menyang panggonan alkohol nalika alkohol didol utawa dikonsumsi ing acara, restoran, bar, utawa pesta.
  • Ngupayakake nyumbang utawa menehi hadiah alkohol utawa mbako kajaba diposting dening Kaca, Grup, utawa profil Instagram sing makili badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis eceran, situs web utawa merek, utawa individual pribadi sing ngandumake konten minangka wakil badan usaha fisik sing sah.
  • Njaluk prodhuk lan omben-ombenan alkohol.
Kanggo konten ing ngisor, kita matesi visibilitas mung kanggo wong diwasa sing umure minimal 18 taun:
  • Konten sing diposting dening utawa mromosekake badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis ritel, situs web, utawa merek, sing ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, utawa menehi hadiah prodhuk utawa omben-ombenan alkohol.
  • Konten sing nggambarake konsumsi prodhuk utawa omben-ombenan alkohol utawa ngandumake resep omben-ombenan alkohol.
  • Konten sing ngrujuk marang prodhuk alkohol utawa nawakake undangan menyang panggonan alkohol nalika alkohol didol utawa dikonsumsi.
Kasehatan lan Karaharjan
Kanggo konten ing ngisor, kita matesi visibilitas mung kanggo wong diwasa sing umure minimal 18 taun:
Prodhuk utawa layanan nyuda utawa nambah bobot awak
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, menehi hadiah, nyebutake utawa njaluk prodhuk utawa layanan nyuda bobot awak utawa nambah bobot awak.
  • Ngakoni utawa nggambarake panggunaan prodhuk nyuda utawa nambah bobot awak, ing konteks nguntungake utawa ngrembugake efek sampinge.
  • Nuduhake koordinasi utawa promosi (sing tegese ngomongake kanthi positif, ngajak nggunakake, utawa nyedhiyakake pituduh kanggo nggunakake utawa nggawe) prodhuk diet.
  • Ngamot pranyatan inferioritas babagan tampilan fisik (contone, istilah, katrangan, utawa pitakonan sing negatif lan nyerang tampilan individu, bagean awak tartamtu, utawa karesikan), utawa gambar cedhak bagean awak tartamtu sing nuduhake lemak sing dijiwit.
  • Klaim yen asil kasebut bisa dientukake mung nggunakake prodhuk sing dianggo ing awak, kayata perhiasan utawa templekan.
  • Nggunakake taktik clickbait ing konteks nambah utawa nyuda bobot awak, kayata basa sensasional kanthi klaim kasehatan sing digedhe-gedhekake utawa ekstrem, utawa njanjekake asil tartamtu ing jangka wektu tartamtu tanpa selakan utawa tembung sing mbatesi klaim.
Prodhuk, Prosedur, utawa Operasi Kecantikan
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, menehi hadiah, nyebutake, utawa njaluk prodhuk kosmetik, prosedur, utawa operasi kecantikan. Iki kalebu:
    • Prodhuk kanggo mutihake kulit, kayata krim pemutih.
    • Prosedur kecantikan kanthi tujuan perawatan, utawa mulihake fungsi utawa struktur pasuryan utawa awake wong.
  • Ngakoni utawa nggambarake panggunaan prosedur utawa operasi kecantikan, kanthi nyoroti dampak positif, negatif, utawa efek sampinge.
  • Nuduhake koordinasi utawa promosi (sing tegese ngomongake kanthi positif, ngajak nggunakake, utawa nyedhiyakake pituduh nggunakake utawa nindakake) prosedur utawa operasi kecantikan.
  • Ngamot pranyatan inferioritas babagan tampilan fisik (contone, istilah, katrangan, utawa pitakonan sing negatif lan nyerang tampilan individu, bagean awak tartamtu, utawa karesikan)
Cathetan: Promosi cara olahraga (kayata Pilates) utawa kosmetik sawetara (kayata make up) ora dicakup ing kabijakan iki.
Praktik Kasehatan sing Mblasukake
  • Klaim (kalebu klaim saka profesional kasehatan utawa organisasi kasehatan) kanggo nambani, mulihake, utawa ngilangake salah sawijining penyakit sing ora bisa ditambani lan/utawa penyakit sing nyebabake pati ing ngisor iki (dhaptar jangkep): Cathetan: Iki ora ditrapake kanggo klaim babagan ngobati utawa ngatur gejala saka kahanan iki.
    • Diabetes
    • Herpes
    • Tiroid
    • Psoriasis
    • Ebola
    • Kanker
    • Autisme
    • Alzheimer
    • Parkinson
    • Amyotrophic Lateral Sclerosis (ALS)
    • Human immunodeficiency virus (HIV)
  • Nggunakake taktik clickbait ing konteks kasehatan, kayata basa sensasional kanthi klaim kasehatan sing digedhe-gedhekake utawa ekstrem, utawa njanjekake asil tartamtu ing jangka wektu tartamtu tanpa selakan utawa tembung sing mbatesi klaim.
Prodhuk rangsangan seksual wong diwasa
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, mromosekake, dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk prodhuk rangsangan seksual wong diwasa, sing fokus kanggo ngrangsang kasenengan seksual utawa ningkatake rangsangan seksual, ing konteks fiksi utawa non-fiksi. Iki kalebu:
    • Dolanan seks
    • Prodhuk erotis
    • Prodhuk kanggo nggedhekake alat kelamin tanpa operasi, kayata prodhuk sing ngrangsang hasrat seksual utawa ningkatake kekuwatan
    • Prodhuk sing fokus utamane kanggo ngrangsang hasrat utawa rangsangan seksual
    • Gambaran dolanan seks kanthi konteks sing ora cetha
Prodhuk Kasehatan utawa Karaharjan Reproduksi
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, mromosekake, dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk prodhuk kasehatan utawa karaharjan reproduksi. Iki kalebu:
    • Prodhuk Kesehatan utawa Karaharjan Reproduksi sing fokus kanggo kasenengan seksual lan dudu munpangat medis, kalebu sing ngamot objek lingga utawa yoni
    • Prodhuk sing nangani gangguan reproduksi seksual
    • Operasi kosmetik alat kelamin
    • Operasi alat kelamin wong diwasa
    • Pendhidhikan seksual sing fokus kanggo kasenengan seksual
    • Prodhuk hormon (contone, booster testosterone)
Bisnis seksual diwasa
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, mromosekake, utawa njaluk bisnis seksual diwasa, sing bisa ngrangsang kasenengan seksual utawa ningkatake rangsangan seksual. Iki kalebu:
    • Bisnis hiburan diwasa
    • Bisnis bab diwasa
    • Layanan seksual instruksional
Judi lan Game Online
Kanggo konten ing ngisor, kita matesi visibilitas mung kanggo wong diwasa sing umure minimal 18 taun:
Judi lan Game Online
  • Konten sing ngupayakake adol, barter, nggambarake, utawa mromosekake game online utawa layanan judi sing perlu samubarang sing ana nilai dhuwite (kalebu dhuwit kontan utawa mata uang digital/virtual, contone bitcoin) kanggo dolanan lan samubarang sing ana nilai dhuwite uga bagean saka hadiahe. Iki kalebu nanging ora winates kanggo:
    • Game katrampilan, lotre/undian, totohan, totohan olahraga, game kasino, game untung-untungan, utawa totohan/undian hadiah.
    • Game judi sing nawakake periode uji coba sing winates lan majibake pambayaran sawise kuwi.
Game Kasino Sosial
  • Konten sing ngupayakake adol, dagang, nggambarake, utawa mromosekake game kasino sosial sing nuduhake cara dolanan game judi kayata mesin slot, nalika ora ana kesempatan menangake dhuwit utawa samubarang sing ana nilai dhuwite. Iki kalebu konten sing nuduhake kesempatan kanggo menangake “koin” sing ora ana nilai dhuwite.
Game gratis kanthi konteks Judi
  • Konten sing ngupayakake adol, dagang, nggambarake utawa mromosekake main game gratis sing nuduhake carane judi, sing ora perlu dhuwit utawa samubarang sing ana nilai dhuwite kanggo main, nanging ana kesempatan kanggo menangake dhuwit utawa samubarang sing ana nilai dhuwite.
Spesies langka lan dilindhungi (kewan liar utawa tanduran)
Kita ora ngidini:
Konten sing:
  • Ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, utawa menehi hadiah, utawa njaluk spesies langka utawa bagean awake utawa spesies tanduran sing dilindhungi.
  • Ngakoni utawa ngajak mbebedhag, tuku, utawa dagang spesies langka utawa bagean awake sing ditindakake dening wong sing mosting konten dhewe utawa perwakilane. Iki ora kalebu nggambarake mbebedhag sing ditindakake dening wong asing.
  • Nggambarake mbebedhag spesies langka utawa bagean awake sing ditindakake dening wong sing mosting konten dhewe utawa perwakilane.
  • Nuduhake koordhinasi utawa promosi (sing tegese ngomongake kanthi positif, ngajak mbebedhag, utawa nyedhiyakake pituduh) kanggo nggunakake utawa nggawe prodhuk saka spesies langka utawa bagean awake, utawa kewan liar utawa tanduran langka apa wae.
Kewan sing ora langka
  • Konten sing nyoba tuku, adol, utawa dagang kewan urip sing ora langka kajaba nalika:
    • Diposting dening Kaca, Grup, utawa profil Instagram kang makili badan usaha fisik sing sah, kalebu bisnis ritel, situs web sing sah, merek, utawa penampungan kewan, utawa individu sing ngandumake konten minangka jeneng badan usaha fisik sing sah.
    • Diposting ing konteks ngadopsi, menehi hadiah, njaluk, nyumbang utawa mbalekake kewan urip sing ora langka ing asale, kalebu beya mbalekake ing asale kanggo adopsi ing antarane pangguna
    • Adol kewan kanggo kurban, utawa nawakake hadiah yen nemokake kewan sing ilang.
    • Diposting ing konteks dodolan kewan ingon-ingon.
    • Diposting ing konteks tuku, adol utawa menehi hadiah, njaluk, nyumbangake sungu, organ, tangan utawa sikil, bathang, taksidermi, tai kewan (ora kalebu kompos utawa rabuk).
    • Diposting ing konteks nawakake prodhuk sing gegandhengan karo kewan kanggo konsumsi manungsa, kayata; endhog, iwak, lsp.
Artefak Sejarah
Kita ora ngidini:
Konten sing ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, utawa menehi hadiah utawa njaluk artefak sejarah.
Barang utawa Bahan Mbebayani
Kita ora ngidini:
Konten sing ngupayakake tuku, adol, dagang, nyumbang, utawa menehi hadiah utawa njaluk barang lan bahan mbebayani.
Bagean Awak lan Bebanyon Awak Manungsa
Kita ora ngidini:
Konten sing:
  • Nyoba tuku, adol, utawa dagang bagean awak manungsa, sanajan dudu konten dagang manungsa sing dilarang adhedhasar kabijakan Eksploitasi Manungsa.
  • Njaluk ijolan bebanyon manungsa.
  • Ngupayakake tuku, adol, utawa dagang bebanyon manungsa.
  • Kajaba nalika diposting kanggo sumbangan bebanyon manungsa kayata mani utawa plasma getih.
Barang sing Ditarik Saka Pasar
Kita ora ngidini:
Konten sing ngupayakake tuku, adol, dagang, ngoordhinasi dagang, nyumbang, menehi hadiah, utawa njaluk barang sing ditarik saka pasar.
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tertamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Data
Deleng Lapuran Panegakan Standar Komunitas sing paling anyar
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Njaluk pitulungan babagan barang lan layanan sing diwatesi
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan